Geguritan
Geguritan kuwi yen dideleng saka asal tembunge yaiku saka tembung Gurit, kang artine Tulisan utawa tatahan. yen saka arti kuwi geguritan isa diartekake minangka Tulisan kang dadi karyane sawijining pawongan.
Yen miturut bausastra basa jawa, saliyane nduweni arti tulisan gurit uga nduweni arti kidung utawa tembang. dadi geguritan uga isa diartekake Tembang utawa kidung kang dadi karya saka sawijing pawongan.
Geguritan uga bisa kasebut puisi kang nganggo basa jawa. Geguritan kuwi kalebu salah sijine Sastra jawa gagrag modern, nduweni wujud kang bebas utawa ora kaiket paugeran kaya dene macapat. dadi wujud geguritan kuwi ora nduweni guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.
kanggo luwih jelas, neng ngisor iki ana tuladha geguritan lan tembang macapat kang isa koksinaoni.
Tuladha geguritan :
DONGAKU
Dening : Puguh C. Wibowo
Sembah sujudku marang Gusti
Amung lumantar tangis kang ora nggegirisi
Ing wengi lan sepi kang dadi kancane ati
Kidung kang ditembangake angin lan bumi
Isih setya nunggoni nganti urip iki nduweni arti
Mati aku, Mati atiku
Awit biyen aku budhale
Tekan kene mung kari akhire
Ilang muspra apa-apa kang dadi semangate
Lara rasane
Ati mung kari wadhahe
Merga ra ana kang gelem ngrungokake
Perkara mati kuwi wis dadi wajibku, yen...
Urip wis ora ana gunane
Tuladha Macapat :
Kinanthi
Komentar
Posting Komentar