Postingan

maca endhah geguritan

Gambar
Maca endhah geguritan kuwi penting supaya apa kang pengen diwedharake lan dadi pesen saka geguritan isa kasampekake dening kang ngrungokake, mula yen maca geguritan ora padha karo maca cerita. kudu dibarengi karo ekspresi lan mimik kang trep, pas karo geguritan kang diwaca. 

Carane Nulis Geguritan

Gambar
  Geguritan kang mujudake sarana kanggo medharake rasa kang ana ing ati utawa manahe panggurit kuwi ora nduweni langkah-langkah utawa cara sing pasti kanggone nggawe. nanging kanggone nggampangake nulis geguritan isa kanthi cara ing ngisor iki : 1. Nemtokake Tema 2. Nggubah tema dadi geguritan kanthi cara nemtokake tembung-tembung kang pengen digawe 3. Supaya luwih endhah isa nglebokake lelewane basa utawa majas sajrone tetembungan kang wis dipilih. 4. Milih judhul kang trep marang geguritan kang wus katulis. 

Latihan soal Geguritan

  Pilihen wangsulan kang bener! 1.      Titikane geguritan gagrag anyar yaiku………. a.      ora kaiket paugeran tartamtu          b.     lumrahe sapadane dumadi saka pataang gatra                    c.      diwiwiti kanthi ukra sun nggegurit d.     guru lagune pinathok e.      isih ngugemi anane guru wilangan 2.      Basa kang digunakake ing geguritan yaiku… a.      Basa padinan          d. Basa kang endah b.     Basa krama alus      e. Basa jawa kuna c.      Basa ngoko alus

Struktur teks geguritan

 Struktur teks geguritan kuwi isa kapilah dadi 2 struktur lair lan struktur batin. Struktur lair teks geguritan : 1. Tipografi (wujud fisik utawa blegere geguritan) kang kasebut tipografi yaiku wujude utawa blegere tulisan kang isa dideleng langsung dening pamaos. wujud tulisan saka geguritan mau biasane arupa bait utawa pada. bait utawa pada kang ana ing geguritan uga dadi beda antarane geguritan lan gancaran (cerita).

Geguritan

 Geguritan kuwi yen dideleng saka asal tembunge yaiku saka tembung Gurit, kang artine Tulisan utawa tatahan. yen saka arti kuwi geguritan isa diartekake minangka Tulisan kang dadi karyane sawijining pawongan.