maca endhah geguritan
Maca endhah geguritan kuwi penting supaya apa kang pengen diwedharake lan dadi pesen saka geguritan isa kasampekake dening kang ngrungokake, mula yen maca geguritan ora padha karo maca cerita. kudu dibarengi karo ekspresi lan mimik kang trep, pas karo geguritan kang diwaca.
kang kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku vokal/ swara lan solah bawa.
- kang kalebu bagian vokal/ swara kang kudu digatekake ing antarane yaiku :
- artikulasi : pangucapane aksara lan tembung kudu wuwuh lan cetha.
- diksi : pangucapane tembung-tembung mau endah, kanthi rasa-pangrasa, ana sing landhep, wengis, sabar, alus, kereng lan sapanunggalane. Para siswa kudu bisa milih tembung-tembung ing geguritan lan cara pangucapane.
- tempo : alon-cepete pangucapan, dijumbuhake karo napas lan swasana sing pengin diwedharake.
- dinamika : alon-bantere swara, selaras-seimbange pamaca geguritan, nganti dadi kaya wirama kang endah lan gawe pamirsa lan pamireng dadi kesengsem.
- modulasi : owah-owahane swara, umpamane swara wong tuwa, bocah cilik, swarane digawe cempreng, ulem, geter, lan sapanunggalane.
- intonasi : lagune ukara, pada. Para siswa kudu wani nemtokake sawijining pada dadi ukara pitakon, apa prentah, lan sapanunggalane
- andhegan : andhegan-jeda, yaiku pedhotane tembung lan ukara ing geguritan kanthi tujuan nguwatake maksud lan artine geguritan
- ambegan : teknik ambegan/napas iku penting banget. Para siswa kudu sinau teknik ambegan weteng (=pernafasan perut).
- Solah bawa yaiku obahing awak sakojur kang kudu bisa nguwatake geguritan kang lagi diwaca. supaya nduweni solah bawa kang becik, bab-bab kang kudu digatekake yaiku :
- komunikatif : maca endah geguritan iku kudu dirasakake, maca-solah bawa sing metu saka ati supaya bisa nggeterake atine pamirsa.
- ekspresif : asil saka interpretasi, ngerti marang struktur lair-batin geguritan mau diwujudake kanthi mimik-pantomimik-kinetik lan solah bawa kang becik lan endah.
- konsentrasi: fokus, para siswa kudu munjerake pikiran, wektu lan tenaga kanthi nggladhi sinau maca geguritan supaya asile ora getun tiba buri. Sebab kalodhangan lan wektu iku ora bisa dibaleni.
Tuladha maca geguritan isa kokdeleng ing video ngisor iki :
Komentar
Posting Komentar