Struktur teks geguritan
Struktur teks geguritan kuwi isa kapilah dadi 2 struktur lair lan struktur batin.
Struktur lair teks geguritan :
1. Tipografi (wujud fisik utawa blegere geguritan)
kang kasebut tipografi yaiku wujude utawa blegere tulisan kang isa dideleng langsung dening pamaos. wujud tulisan saka geguritan mau biasane arupa bait utawa pada. bait utawa pada kang ana ing geguritan uga dadi beda antarane geguritan lan gancaran (cerita).
2. Imaji (Panyitra)
Imaji utawa panyitra yaiku tetembungan kang nduweni daya panyitra kanggo medharake gagasan saka panggurit, wujude isa pandeleng (tuladha : endhahe esemmu), pangganda (tuladha : arume mlathi putih), pangrungu (tuladha : kumricik swaraning banyu mili), pangrasa ( tuladha : abote panandang kuwi), panindak (tuladha : kang padha gumregah bangkit).
3. Lelewane Basa
Lelawane basa uga bisa kasebut majas. yaiku kaendhahane tembung kang digunakake dening panggurit. bisa awujud tembung kawi, tembung pepindhan, tembung entar, yogaswara lan sapinunggalane.
4. Purwakanthi
Yaiku mbaleni swara kang ana ing tembung utawa gatra sadurunge, isa awujud swara (vokal), tembung lan frasa.
Jenis Purwakanthi ana telu, yaiku :
1. Purwakanthi Guru Swara
2. Purwakanthi Guru Sastra
3. Purwakanthi Guru Basa/ Lumaksita
Struktur batin teks geguritan :
1. Tema
Tema yaiku punjering bab kang dadi dhasare geguritan katulis.
2. Wirasa
Yaiku tembung-tembung sajrone geguritan kang nduweni fungsi kanggo mujudake utawa njilmakake rasa pangrasa saka panggurit. wujude bisa wujud rasa sedih, nesu, seneng lan liya-liyane.
3. Amanat
Yaiku bab-bab kang dadi tujuan utawa pengen diwedharake dening panggurit dening para pamaos.
Komentar
Posting Komentar