Carane Nulis Geguritan
Geguritan kang mujudake sarana kanggo medharake rasa kang ana ing ati utawa manahe panggurit kuwi ora nduweni langkah-langkah utawa cara sing pasti kanggone nggawe. nanging kanggone nggampangake nulis geguritan isa kanthi cara ing ngisor iki :
1. Nemtokake Tema
2. Nggubah tema dadi geguritan kanthi cara nemtokake tembung-tembung kang pengen digawe
3. Supaya luwih endhah isa nglebokake lelewane basa utawa majas sajrone tetembungan kang wis dipilih.
4. Milih judhul kang trep marang geguritan kang wus katulis.
Tuladha geguritan kang isa kanggo bahan belajar nulis geguritan :
DONYA SANSAYA SUMUK
Dening: Nadhif D. S.
Gegodhongan wit-witan langka
Lembeyane kewan-kewan punah
Ora bisa disawang bocah-bocah
Bumi saiki wis owah
Amarga polahe manungsa srakah
Lek mung ngrusak wae... ah lanyah!
Wengi hawane panas
Awan ya mung tepas-tepas
Rasane donya wis ora laras
Manungsa kudu gumregah eling
Illegal logging kudu dipenging
Nalika alas entek tanpa sisa
Gelaran donya bakal musna, manungsa uga!
LAR-LAR KATRESNAN
Dening: Vivin N. H.
Semilire angin ketiga dawa
Ngelingake marang 720 dina
Luwih kang wis lumaku
Binareng iline luh lan guyu
Ora dakkira pangucapku nalika iku
Nuwuhake balung ing gegermu lan gegerku
Ing balungmu ana lar irengku
Ing balungku ana lar putihmu
Sanadyan kadhangkala luh nyenengake
Apa guyu dadi nrenyuhake
Nanging.....
Balung ora uwal
Lar ora udhar
Malah tansaya suwe.........
Balung lan lar dadi swiwi
Saiki wis wayahe ajar mabur
Memitran ing selaning bayu
Kanggo mbesok nglanglang angkasa
Komentar
Posting Komentar