Latihan soal Geguritan

 

Pilihen wangsulan kang bener!

1.     Titikane geguritan gagrag anyar yaiku……….

a.     ora kaiket paugeran tartamtu        

b.    lumrahe sapadane dumadi saka pataang gatra                  

c.     diwiwiti kanthi ukra sun nggegurit

d.    guru lagune pinathok

e.     isih ngugemi anane guru wilangan

2.     Basa kang digunakake ing geguritan yaiku…

a.     Basa padinan         d. Basa kang endah

b.    Basa krama alus     e. Basa jawa kuna

c.     Basa ngoko alus

3.     Idhe baku utawa pikiran baku kang dhasare geguritan diarani….

a.     Tema                               d. Retorika

b.    Lelewaning basa               e. Majas

c.     Diksi

4.     Sajroning geguritan, gaya bahasa gunane kanggo…

a.     Jangkeping ukara

b.    Nggambarake kahanan tartamtu kanthi tembung kang endah

c.     Nuduhake sapa panulise

d.    Nemtokake judul

e.     Nemtokake tema

5.     Bab kayadene sosial, moral, politik, agama, individu, lan sapiturute kalebu…

a.     Tema                   d. Rurabasa

b.    Retorika               e. diksi

c.     Majas

6.     Geguritan bisa dirasakake kanthi…

a.     Nulis                    d. Ngrungokake           

b.    Maca                   e. Maca lan nulis

c.     Maca lan ngrungokake

7.     Endahing geguritan kuwi gumantung kaya ing ngisor iki, kajaba…

a.     Wirama

b.    Runtute purwakanthi

c.     Pilihan tembung kang runtut

d.    Dedeg piadege wong kang maca geguritan

e.     Anane tembung andhahan kang karimbag mawa ater-ater, seselan utawa rangkep

8.     Bab kang pengin diwedharake penyair/panulis marang pamaos diarani…

a.     Nada                   d. Ilham

b.    Amanat                e. Suasana

c.     Rasa

9.     Kahanan bab apa wae kang dideleng utawa digoleki ana ing tembung-tembung kang rinakit ana sajroning geguritan diarani…

a.     Struktur batin       d. Retorika       

b.    Struktur lahir         e. Suasana

c.     Majas

10.  Larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait diarani…

a.     Tipografi              d. Retorika

b.    Pengimajinasian   e. Suasana

c.     Majas

11.  Tembung-tembung ing geguritan kang bisa ndudohne pengalaman indrawi sajroning geguritan utawa khayalan diarani…

a.     Tipografi                          d. Retorika

b.    Pengimajinasian               e. Suasana

c.     Majas

12.   Supaya bisa mangerteni isine geguritan, mula sing kudu ditindakake yaiku ……….

a.     bisa nggawe geguritan

b.     negesi tembung-tembung

c.     maca kanthi mimik kang trep

d.     pocapan kudu cetha

e.     nalika maca kudu nduweni ekspresi

13.   Ing ngisor iki kang ora kalebu bab-bab sing kudu digatekakae nalika maca geguritan yaiku…

a.     Mangerteni isine geguritan sing arep diwaca

b.     Ngrasakake isi lan kekarepane geguritan

c.     Nggatekake pocapan lan wiramane

d.     Bisa maragakake kanthi mimic lan ekspresi sing trep

e.     Nggatekakake asma lan latar belakang panggurite

14.   Ing ngisor iki sing ora kalebu tata cara nggancarake geguritan yaiku…

a.     Ngudhari tembung-tembung baliswara (menawa ana)

b.     Ngganti tembung sing angel karo tembung sing gampang dimagerteni

c.     Munggel tembung-tembung utawa ukara supaya cetha karepe/tegese

d.     Maca geguritan dibolan-baleni nganti bisa ngrasakake lan mangerteni maknane geguritan

e.     Menehi tembung panggandheng, panyilah, utawa tembung liyane supaya geguritan gampang dimangerteni

15.  Ndheg-ndhegan (hentian) lakune pocapan sajroning geguritan diarani……….

a.     intonasi                d. pocapan

b.    jeda                     e. parafrase

c.     wirama

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Struktur teks geguritan

Carane Nulis Geguritan